.
- Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran — Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.
 - Tanah Jawa kalungan wesi — Pulau Jawa berkalung besi.
 - Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang — Perahu berlayar di ruang angkasa.
 - Kali ilang kedhunge — Sungai kehilangan lubuk.
 - Pasar ilang kumandhang — Pasar kehilangan suara.
 - Iku tandha yen tekane jaman Jayabaya wis cedhak — Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.
 - Bumi saya suwe saya mengkeret — Bumi semakin lama semakin mengerut.
 - Sekilan bumi dipajeki — Sejengkal tanah dikenai pajak.
 - Jaran doyan mangan sambel — Kuda suka makan sambal.
 - Wong wadon nganggo pakeyan lanang — Orang perempuan berpakaian lelaki.
 - Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking jaman— Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik
 - Akeh janji ora ditetepi — Banyak janji tidak ditepati.
 - Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe— Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.
 - Manungsa padha seneng nyalah— Orang-orang saling lempar kesalahan.
 - Ora ngendahake hukum Allah— Tak peduli akan hukum Allah.
 - Barang jahat diangkat-angkat— Yang jahat dijunjung-junjung.
 - Barang suci dibenci— Yang suci (justru) dibenci.
 - Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit— Banyak orang hanya mementingkan uang.
 - Lali kamanungsan— Lupa jati kemanusiaan.
 - Lali kabecikan— Lupa hikmah kebaikan.
 - Lali sanak lali kadang— Lupa sanak lupa saudara.
 - Akeh bapa lali anak— Banyak ayah lupa anak.
 - Akeh anak wani nglawan ibu— Banyak anak berani melawan ibu.
 - Nantang bapa— Menantang ayah.
 - Sedulur padha cidra— Saudara dan saudara saling khianat.
 - Kulawarga padha curiga— Keluarga saling curiga.
 - Kanca dadi mungsuh — Kawan menjadi lawan.
 - Akeh manungsa lali asale — Banyak orang lupa asal-usul.
 - Ukuman Ratu ora adil — Hukuman Raja tidak adil
 - Akeh pangkat sing jahat lan ganjil— Banyak pejabat jahat dan ganjil
 - Akeh kelakuan sing ganjil — Banyak ulah-tabiat ganjil
 - Wong apik-apik padha kapencil — Orang yang baik justru tersisih.
 - Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin — Banyak orang kerja halal justru malu.
 - Luwih utama ngapusi — Lebih mengutamakan menipu.
 - Wegah nyambut gawe — Malas menunaikan kerja.
 - Kepingin urip mewah — Inginnya hidup mewah.
 - Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka — Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.
 - Wong bener thenger-thenger — Si benar termangu-mangu.
 - Wong salah bungah — Si salah gembira ria.
 - Wong apik ditampik-tampik— Si baik ditolak ditampik.
 - Wong jahat munggah pangkat— Si jahat naik pangkat.
 - Wong agung kasinggung— Yang mulia dilecehkan
 - Wong ala kapuja— Yang jahat dipuji-puji.
 - Wong wadon ilang kawirangane— perempuan hilang malu.
 - Wong lanang ilang kaprawirane— Laki-laki hilang perwira/kejantanan
 - Akeh wong lanang ora duwe bojo— Banyak laki-laki tak mau beristri.
 - Akeh wong wadon ora setya marang bojone— Banyak perempuan ingkar pada suami.
 - Akeh ibu padha ngedol anake— Banyak ibu menjual anak.
 - Akeh wong wadon ngedol awake— Banyak perempuan menjual diri.
 - Akeh wong ijol bebojo— Banyak orang tukar pasangan.
 - Wong wadon nunggang jaran— Perempuan menunggang kuda.
 - Wong lanang linggih plangki— Laki-laki naik tandu.
 - Randha seuang loro— Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
 - Prawan seaga lima— Lima perawan lima picis.
 - Dhudha pincang laku sembilan uang— Duda pincang laku sembilan uang.
 - Akeh wong ngedol ngelmu— Banyak orang berdagang ilmu.
 - Akeh wong ngaku-aku— Banyak orang mengaku diri.
 - Njabane putih njerone dhadhu— Di luar putih di dalam jingga.
 - Ngakune suci, nanging sucine palsu— Mengaku suci, tapi palsu belaka.
 - Akeh bujuk akeh lojo— Banyak tipu banyak muslihat.
 - Akeh udan salah mangsa— Banyak hujan salah musim.
 - Akeh prawan tuwa— Banyak perawan tua.
 - Akeh randha nglairake anak— Banyak janda melahirkan bayi.
 - Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne— Banyak anak lahir mencari bapaknya.
 - Agama akeh sing nantang— Agama banyak ditentang.
 - Prikamanungsan saya ilang— Perikemanusiaan semakin hilang.
 - Omah suci dibenci— Rumah suci dijauhi.
 - Omah ala saya dipuja— Rumah maksiat makin dipuja.
 - Wong wadon lacur ing ngendi-endi— Di mana-mana perempuan lacur
 - Akeh laknat— Banyak kutukan
 - Akeh pengkianat— Banyak pengkhianat.
 - Anak mangan bapak—Anak makan bapak.
 - Sedulur mangan sedulur—Saudara makan saudara.
 - Kanca dadi mungsuh—Kawan menjadi lawan.
 - Guru disatru—Guru dimusuhi.
 - Tangga padha curiga—Tetangga saling curiga.
 - Kana-kene saya angkara murka — Angkara murka semakin menjadi-jadi.
 - Sing weruh kebubuhan—Barangsiapa tahu terkena beban.
 - Sing ora weruh ketutuh—Sedang yang tak tahu disalahkan.
 - Besuk yen ana peperangan—Kelak jika terjadi perang.
 - Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor—Datang dari timur, barat, selatan, dan utara.
 - Akeh wong becik saya sengsara— Banyak orang baik makin sengsara.
 - Wong jahat saya seneng— Sedang yang jahat makin bahagia.
 - Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul— Ketika itu burung gagak dibilang bangau.
 - Wong salah dianggep bener—Orang salah dipandang benar.
 - Pengkhianat nikmat—Pengkhianat nikmat.
 - Durjana saya sempurna— Durjana semakin sempurna.
 - Wong jahat munggah pangkat— Orang jahat naik pangkat.
 - Wong lugu kebelenggu— Orang yang lugu dibelenggu.
 - Wong mulya dikunjara— Orang yang mulia dipenjara.
 - Sing curang garang— Yang curang berkuasa.
 - Sing jujur kojur— Yang jujur sengsara.
 - Pedagang akeh sing keplarang— Pedagang banyak yang tenggelam.
 - Wong main akeh sing ndadi—Penjudi banyak merajalela.
 - Akeh barang haram—Banyak barang haram.
 - Akeh anak haram—Banyak anak haram.
 - Wong wadon nglamar wong lanang—Perempuan melamar laki-laki.
 - Wong lanang ngasorake drajate dhewe—Laki-laki memperhina derajat sendiri.
 - Akeh barang-barang mlebu luang—Banyak barang terbuang-buang.
 - Akeh wong kaliren lan wuda—Banyak orang lapar dan telanjang.
 - Wong tuku ngglenik sing dodol—Pembeli membujuk penjual.
 - Sing dodol akal okol—Si penjual bermain siasat.
 - Wong golek pangan kaya gabah diinteri—Mencari rizki ibarat gabah ditampi.
 - Sing kebat kliwat—Siapa tangkas lepas.
 - Sing telah sambat—Siapa terlanjur menggerutu.
 - Sing gedhe kesasar—Si besar tersasar.
 - Sing cilik kepleset—Si kecil terpeleset.
 - Sing anggak ketunggak—Si congkak terbentur.
 - Sing wedi mati—Si takut mati.
 - Sing nekat mbrekat—Si nekat mendapat berkat.
 - Sing jerih ketindhih—Si hati kecil tertindih
 - Sing ngawur makmur—Yang ngawur makmur
 - Sing ngati-ati ngrintih—Yang berhati-hati merintih.
 - Sing ngedan keduman—Yang main gila menerima bagian.
 - Sing waras nggagas—Yang sehat pikiran berpikir.
 - Wong tani ditaleni—Si tani diikat.
 - Wong dora ura-ura—Si bohong menyanyi-nyanyi
 - Ratu ora netepi janji, musna panguwasane—Raja ingkar janji, hilang wibawanya.
 - Bupati dadi rakyat—Pegawai tinggi menjadi rakyat.
 - Wong cilik dadi priyayi—Rakyat kecil jadi priyayi.
 - Sing mendele dadi gedhe—Yang curang jadi besar.
 - Sing jujur kojur—Yang jujur celaka.
 - Akeh omah ing ndhuwur jaran—Banyak rumah di punggung kuda.
 - Wong mangan wong—Orang makan sesamanya.
 - Anak lali bapak—Anak lupa bapa.
 - Wong tuwa lali tuwane—Orang tua lupa ketuaan mereka.
 - Pedagang adol barang saya laris—Jualan pedagang semakin laris.
 - Bandhane saya ludhes—Namun harta mereka makin habis.
 - Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan—Banyak orang mati lapar di samping makanan.
 - Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara—Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.
 - Sing edan bisa dandan—Yang gila bisa bersolek.
 - Sing bengkong bisa nggalang gedhong—Si bengkok membangun mahligai.
 - Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil—Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.
 - Ana peperangan ing njero—Terjadi perang di dalam.
 - Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham—Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.
 - Durjana saya ngambra-ambra—Kejahatan makin merajalela.
 - Penjahat saya tambah—Penjahat makin banyak.
 - Wong apik saya sengsara—Yang baik makin sengsara.
 - Akeh wong mati jalaran saka peperangan—Banyak orang mati karena perang.
 - Kebingungan lan kobongan—Karena bingung dan kebakaran.
 - Wong bener saya thenger-thenger—Si benar makin tertegun.
 - Wong salah saya bungah-bungah—Si salah makin sorak sorai.
 - Akeh bandha musna ora karuan lungane—Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe Banyak harta hilang entah ke mana, Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa.
 - Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram—Banyak barang haram, banyak anak haram.
 - Bejane sing lali, bejane sing eling—Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar.
 - Nanging sauntung-untunge sing lali—Tapi betapapun beruntung si lupa.
 - Isih untung sing waspada—Masih lebih beruntung si waspada.
 - Angkara murka saya ndadi—Angkara murka semakin menjadi.
 - Kana-kene saya bingung—Di sana-sini makin bingung.
 - Pedagang akeh alangane—Pedagang banyak rintangan.
 - Akeh buruh nantang juragan—Banyak buruh melawan majikan.
 - Juragan dadi umpan—Majikan menjadi umpan.
 - Sing suwarane seru oleh pengaruh—Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.
 - Wong pinter diingar-ingar—Si pandai direcoki.
 - Wong ala diuja—Si jahat dimanjakan.
 - Wong ngerti mangan ati—Orang yang mengerti makan hati.
 - Bandha dadi memala—Hartabenda menjadi penyakit
 - Pangkat dadi pemikat—Pangkat menjadi pemukau.
 - Sing sawenang-wenang rumangsa menang — Yang sewenang-wenang merasa menang
 - Sing ngalah rumangsa kabeh salah—Yang mengalah merasa serba salah.
 - Ana Bupati saka wong sing asor imane—Ada raja berasal orang beriman rendah.
 - Patihe kepala judhi—Maha menterinya benggol judi
 - Wong sing atine suci dibenci—Yang berhati suci dibenci
 - Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat—Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.
 - Pemerasan saya ndadra—Pemerasan merajalela.
 - Maling lungguh wetenge mblenduk — Pencuri duduk berperut gendut.
 - Pitik angrem saduwure pikulan—Ayam mengeram di atas pikulan.
 - Maling wani nantang sing duwe omah—Pencuri menantang si empunya rumah.
 - Begal pada ndhugal—Penyamun semakin kurang ajar.
 - Rampok padha keplok-keplok—Perampok semua bersorak-sorai.
 - Wong momong mitenah sing diemong—Si pengasuh memfitnah yang diasuh
 - Wong jaga nyolong sing dijaga—Si penjaga mencuri yang dijaga.
 - Wong njamin njaluk dijamin—Si penjamin minta dijamin.
 - Akeh wong mendem donga—Banyak orang mabuk doa.
 - Kana-kene rebutan unggul—Di mana-mana berebut menang.
 - Angkara murka ngombro-ombro—Angkara murka menjadi-jadi.
 - Agama ditantang—Agama ditantang.
 - Akeh wong angkara murka—Banyak orang angkara murka.
 - Nggedhekake duraka—Membesar-besarkan durhaka.
 - Ukum agama dilanggar—Hukum agama dilanggar.
 - Prikamanungsan di-iles-iles—Perikemanusiaan diinjak-injak.
 - Kasusilan ditinggal—Tata susila diabaikan
 - Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi—Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi.
 - Wong cilik akeh sing kepencil—Rakyat kecil banyak tersingkir.
 - Amarga dadi korbane si jahat sing jajil—Karena menjadi kurban si jahat si laknat.
 - Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit—Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit.
 - Lan duwe prajurit—Dan punya prajurit.
 - Negarane ambane saprawolon—Lebar negeri seperdelapan dunia.
 - Tukang mangan suap saya ndadra—Pemakan suap semakin merajalela.
 - Wong jahat ditampa—Orang jahat diterima.
 - Wong suci dibenci—Orang suci dibenci.
 - Timah dianggep perak—Timah dianggap perak.
 - Emas diarani tembaga—Emas dibilang tembaga
 - Dandang dikandakake kuntul—Gagak disebut bangau.
 - Wong dosa sentosa—Orang berdosa sentosa.
 - Wong cilik disalahake—Rakyat jelata dipersalahkan.
 - Wong nganggur kesungkur—Si penganggur tersungkur.
 - Wong sregep krungkep—Si tekun terjerembab.
 - Wong nyengit kesengit—Orang busuk hati dibenci.
 - Buruh mangluh—Buruh menangis.
 - Wong sugih krasa wedi—Orang kaya ketakutan.
 - Wong wedi dadi priyayi—Orang takut jadi priyayi.
 - Senenge wong jahat—Berbahagialah si jahat.
 - Susahe wong cilik—Bersusahlah rakyat kecil.
 - Akeh wong dakwa dinakwa—Banyak orang saling tuduh.
 - Tindake manungsa saya kuciwa—Ulah manusia semakin tercela.
 - Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi—Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai.
 - Wong Jawa kari separo—Orang Jawa tinggal separo.
 - Landa-Cina kari sejodho — Belanda-Cina tinggal sepasang.
 - Akeh wong ijir, akeh wong cethil—Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.
 - Sing eman ora keduman—Si hemat tidak mendapat bagian.
 - Sing keduman ora eman—Yang mendapat bagian tidak berhemat.
 - Akeh wong mbambung—Banyak orang berulah dungu.
 - Akeh wong limbung—Banyak orang limbung.
 - Selot-selote mbesuk wolak-waliking jaman teka—Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya zaman. 
 
menurut gw dari semua ramalan kayaknya ramalan jayabaya yg paling terbukti kebenarannya {walaupun gw gak terlalu percaya}tapi sebagian ramalan beliau memang terjadi
BalasHapus